WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM
Kawruh jiwa urut-urutan ingkang kangge pasinaon punika wujudipun wejangan-wejangan:
Dados bab punika salah satunggaling bab pokok kangge sinau kawruh jiwa.
Mila wonten pasinaon kawruh jiwa urut-urutan, jalaran sasampunipun kraos beja sawetah, tiyang mesthi kraos ribed wonten nggen bab kawruh, mila tiyang lajeng butuh sinau kawruh bab kawruh. Sasampunipun udhar reribed wonten nggen bab kawruh, tiyang lajeng kraos ribed wonten nggen sesrawungan. Sarehne masarakat kita ing donya punika dhedhasaripun sesrawungan ungkul-ungkulan, mila tiyang perlu mangertos dhateng raos ungkul ingkang wonten ing awakipun piyambak.
Sasampunipun mangertos dhateng kawruh bab ungkul, tiyang mesti lajeng kraos ribed wonten nggen laki-rabi lan tiyang lajeng mbutuhaken kawruh laki-rabi. Yen sampun kraos beja wonten nggen laki-rabi, tiyang mesthi lajeng kraos ribed wonten nggen pangupajiwa. Inggih punika ingkang murugaken tiyang lajeng butuh kawruh bab pangupajiwa.
Yen sampun boten ribed wonten nggen pangupajiwa tiyang lajeng kraos ribed wonten nggen pamomong. Inggih punika ingkang murugaken dhateng tiyang butuh kawruh pamomong. Kados makaten paedahipun sinau kawruh jiwa urut-urutan.
Yen pasinaon urut-urutan punika sampun tapis dipun tindakaken, tiyang lajeng mangertos dhateng pangaruh masarakat, ingkang wonten ing awakipun piyambak. Tiyang lajeng saged mbedakaken raos-raos ingkang saking pangaruh masarakat lan raos-raosipun piyambak. Awit saking punika tiyang lajeng wiwit saged mikir piyambak tanpa pangaruh masarakat.
Yen saged mikir piyambak tanpa pangaruh masarakat, raos aku lajeng thukul wonten nggen lalawanan kalian raos. Saderengipun raos aku thukul wonten nggen lelawanan kaliyan raos, tiyang namung saged mbedakaken awakipun piyambak kaliyan tiyang sanes wonten nggen raga, nanging wonten nggen raos tiyang dereng saged mbedakaken. Upami tiyang dipun nesoni dening tiyang sanes lan lajeng nesu.
Nalika nesu, tiyang rumaosipun ingkang nesu punika awakipun piyambak lan raosipun, "Aku nesu." Yen raos aku sampun thukul wonten nggen lelawanan kaliyan raos, tiyang lajeng mangertos, yen ingkang nesu punika tangganipun, nanging dede awakipun piyambak lan raosipun makaten, "Tanggaku nesu lan aku methukake nesune tanggaku nganggo nesu." Kados makaten tiyang anggenipun mikir piyambak tanpa pangaruh masarakat lan pangaruh tangga.