WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM
BAB JUNGGRING SALAKA
Risaking gegrombolan Junggring Salaka punika yen ingkang sami pepanggihan ing Junggring Salaka wau karep sami karep, jalaran pathokaning karep punika namung aja ngono, kudu ngono, ingkang raosipun buneg, kemrungsung, murugaken paben, congkrah, lajeng bibar.
Lestantuning gegrombolan Junggring Salaka punika yen ingkang sami pepanggihan ing Junggring Salaka wau tiyang weruh sami weruh, jalaran pathokanipun sami pitados dhateng weruhipun, raosipun wening tentrem, sami mangertos yen weruhipun sami, ingkang dipun weruhi sami, murugaken saged negesi sesarengan, ngantos dumugi sami kraos lan mangertos sesarengan, seneng beja sesarengan. Mila lajeng tuman lestantun sami gegrombolan, nandhes njembaraken lan nularaken kawruh beja. Nandhes lan jembaring kawruh beja, mahanani lairing raos beja wonten ing saranduning tiyang. Wasana tiyang lajeng sami sarwa beja.
BAB PATHOKANING KANDHA
Cilakanipun:
Tiyang kandha nularaken raos begja punika yen boten mangertos dhateng pathokaning kandha, anggenipun mbejakaken lajeng dados gegayuhan, raosipun kemrungsung, temahan salah kedaden, pancen mbejakaken dados nelukaken tiyang, lha,paben, congkrah, cilaka.
Bejanipun:
Yen ingkang kandha punika mangertos dhateng pathokaning kandha ingkang murugaken ugi mangertos dhateng mesthining kandha, gegayuhaning kandha, reribeding kandha, lan caraning kandha.
Anggenipun mbejakaken boten dados gegayuhan, nanging namung nglairaken raos sih, lajeng saged luluh kaliyan ingkang dipun kandhani murugaken sami weningipun, temahan ingkang dipun kandhani saged kraos, mangertos lan weruh piyambak dhateng raosipun piyambak sami kaliyan ingkang kandha, inggih punika sami madeg pribadi weruhipun lajeng sami seneng, beja sesarengan. Ngrebdanipun tular-tumularing raos beja, mahanani gumelaring jagat beja jaman Windu Kencana.
BAB WINDU KENCANA
Windu Kencana:
Punika wohing raos sami, ingkang murugaken sirnaning ungkul, tiyang lajeng sami tentrem sesarengan, mahanani sugih lan guyub sesarengan, seneng-seneng sesarengan.
Windu Kencana ingkang boten mitadosi:
Punika ingkang lairipun saking raos sami, jalaran tiyang sami pitados dhateng salah satunggaling kayakinan, dados tiyang boten sami kraos lan mangertos, namung sak rumaos lan pitados. Mila yen risak boten saged andandosi malih, awit tiyang boten sami mangertos dhateng aben-abenanipun Windu Kencana.
Windu Kencana ingkang mitadosi:
Punika ingkang lairipun saking raos sami, jalaran tiyang sami kraos, mangertos lan weruh yen tiyang punika gadhah dhasar raos sami, inggih punika sami kraos: Aku, Ana, Weruh, Pribadi, ingkang murugaken tiyang sami mangertos dhateng aben-abenanipun Windu Kencana. Dados samangsa Windu Kencana badhe risak lajeng saged andandosi malih.